Kuciwa
“Deg
degan rasane jantungku ora karuan, mas-mas iku ndelengke aku kaya ndelengke
maling”. Omongin Laras batin saka atine pas liwat ing ngarep Mushala sekolah. Dheweke
bingung banget, kok janur gunung ana mas-mas kang ndeloke Laras nganti kaya
mangkono. Pas dina Rabu iku ana pelajaran olahraga. Laras lan kanca-kancane
tinuju menyang lapangan basket kanggo olahraga. Ora ngira ngerti-ngerti, deg .
. . Laras kelingan karo wong kang lungguh ing ngarep Mushala mau. “waduh ngapa
aku iki kok kepikiran ya?”
Kring
. . . kring . . . bel pratandha ganti pelajaran muni, wektu iku Laras lan
kancane Ida cepet-cepet ganti seragam ing kolah ngliwati Mushala. Pas dhewekke metu saka kelas, ana mas-mas
iku maneh kang lagi lungguh ana Mushala cedhak saka kelase Laras. “ana apa ta
kok ya ora ngaleh-ngaleh mase mau ki?” kandhane Ida marang Laras. “Aku we ya
ora ngerti Da, sing penting rak ora nganggu awake dhewe” wangsulane Laras karo
nguyu.
Mas-mas
iku ya sing ndelengke Laras pas lagi arep mlaku menyang lapangan kanggo
olahraga. Ketoke mas-mas iku mau lagi wae rampung salat Dhuha. Laras lan Ida
meneng wae amarga dheweke ya ora kenal marang mas-mas kuwi mau. Sawise ganti
seragam, Laras lan Ida balik ing kelas maneh. Banjur kancane juluk wae jenenge
Rida kandha menyang Laras. ” Ras, nomer hapemu oleh ora dijaluk mas sing lungguh
nang Mushala mau?”. Banjur Laras mangsuli ”ora sah Da, aku ora kenal mas-mas
kuwi dadi aja mbok wenehke ya!” Krungu kandhane Laras mau, Rida ora ngewehi
nomere kancane iku marang mas-mas iku. Miturut informasi, mas iku mau kelas 3 IPA
kang jenenge Dodo.
Ing
liya dina, mas Dodo mau sms, nanging ora dibales dening Laras amarga ora ana
jenenge ing sms kuwi lan dheweke males mbalesi sms saka wong sing ora genah.”
Rong dina maneh mas Dodo kuwi sms maneh, kang isine ”dhek aku oleh kenal kowe
ora? Aja nesu ya! Aku oleh nomermu saka mbak Icha,” Dodo. Mangkono isi sms saka
mas Dodo. Wiwit iku Laras gelem mbalesi smse mas Dodo, ora ana apa-apa mung
sekedar kancanan bae maksude. Ana enem sasi anggone kenal mas Dodo, awit iku Laras
nduwe rasa marang mas Dodo nanging dheweke ora wani ngandharake. Laras iya ngrumangsani
yen mas Dodo iya nduwe rasa marang dheweke. Amarga mas Dodo nduwe kawigaten
kang linuwih marang Laras.
Bruukk
. . . ana sepeda tiba, kabeh murid pating krumpul ngrubung sepeda sing tiba
mau. Krungu suwara iku, Laras mlayu tumuju sumber suwara iku. Jebule sing tiba
mbak Icha “lho mbak Icha, boten punapa-punapa mbak?” Laras langsung takon
marang mbak Icha. “ora papa kok dhek, mung le ku ngerem ndadak mau” jawabe mbak
Icha. Dina iku arep padha latihan ekstrakulikuler ana ing sekolahan. Mbak Icha
iku iya mbak tingkat kelase Laras kang wektu iku kelas 2. “eh, wingi kae nomer
hapemu takwenehke mas Dodo lho!” ngerti-ngerti mbak Icha kandha mangkono marang
Laras. “oh, nggih mbak boten punapa-punapa lha pun kadhung arep kepiye maneh.”
Wangsulane Laras karo mesem marang mbk Icha.
Ana
ing sekolahan Laras iya mesti ketemu karo mas Dodo ananging ora tau
omong-omongan, mung ndelengke wae saka kadohan. Dheweke nduwe rasa pekewoh arep
nyapa marang mas Dodo. Laras mung bisa crita marang kancane cerak yaiku Anggun.
Ing ngisor wit ringin kang ana ing sekolahan Laras ngomong “Anggun iku kancaku
cerak awit aku SMP nganti sakiki. “Apa aku kudu crita karo Anggun ya?” sing isa
takajak ngomong ati nang ati. Kira-kira mung karo Anggun aku bisa crita lan
ngandharake rasa ing atiku iki. Dheweke iya ngerti apa sing dakkarepake”.
Malem
minggu, ing dina kuwi ana acara perpisahan kelas 3 kang wis padha lulus. Acara
perpisahan kuwi dianakake ing gedung Sasana Praja. Kabeh kanca-kanca awit saka
kelas siji nganti kelas telu padha banjir ngebaki gedung iku. Laras uga nonton
karo kanca-kancane sak kelas. Pas lagi nonton pahargyan saka sing ngisi acara
iku mau. Laras kaget, kuciwa lan bubrah pikirane, ing gedung mau dheweke ngerti
mas Dodo lungguh karo bocah wadon. Iya mesti Laras nduwe rasa kepiye mangkono
ndelengke mas Dodo karo wong wadon iku. Nanging Laras ya ora isa ngapa-ngapa, dheweke
dudu apa-apane mas Dodo tur dheweke mung lagi cerak karo mas Dodo. Salah yen Laras
nesu marang mas Dodo.
Nanging
semono suwine nganti Laras wis kelas 2 SMA, lan mas Dodo kuwi mau nglanjutake
sekolah ing Bandung. Dheweke ngilang kayata rembulan dipangan buta. Awit kuwi
mas Dodo ora tau sms meneh, jebule miturut kandhane kanca-kancane iku. Mas Dodo
lagi cedhak marang Mita kanca seangkatan karo Laras ning seje kelas. Awit krungu
iku atine Laras lara banget. Wong kang wis ditresnani wiwit kelas siji iku uwis
dadi tambataning ati wong liya. Laras mung bisa pasrah marang keadaan iki, iku
mung didadekake pelajaran kanggone.
Wengi
iku pas Laras lagi sinau, tot titittet. . . tot titittet. . . hape sing lagi
disanding muni, jebule ana sms sing mlebu. Banjur dibuka sms mau. Laras ora
ngira yen mas Dodo kuwi sms meneh, sms iku isine ”dhek lagi ngapa, lan piye
kabare?”. Terus tak bales cekak wae ”lagi sinau mas, alhamdulillah kabarku
apik-apik wae”. Wangsulane Laras mangkono kuwi mau. Sms iku ngilingake lara ing
atiku, nanging aku ya ora kudu nduwe rasa kaya mangkono.
Seneng
rasa ing atine Laras, dina kuwi mas Dodo crita yen dheweke wis ora karo Mita meneh.
Awit kuwi mas Dodo cedhak meneh karo Laras. Yen lagi smsan nyambung banget apa
kang wis diomongake. Suwe suwe rasa tresna iku ana maneh, Laras ngrasa luwih
cedhak karo mas Dodo. “Aku isih nduwe pangarepan marang mas Dodo, aku wis
ngrasa tresna banget Nggun!” ngomonge Laras marang Anggun pas lagi mangan
bareng ana ing kantin sekolah. Banjur Anggun mangsuli ” yen ta kowe wis kadhung
tresna, terus nyang apa kok kowe ora ngomong langsung marang mas Dodo kuwi?”. Laras
mangsuli, “aku ora wani Nggun, durung mantep wae anggonku kepengin ngomong”.
Wah, nek wis kaya mangkono ya kowe ora oleh keputusan sing pasti saka mas Dodo
tor mas Dodo ya ora bakalan ngerti yen kowe seneng marang dheweke”. Kandhane
Anggun marang Laras. Laras wis ngrasa bingung marang rasa ing atine iku. Dheweke
nduwe pangarepan marang mas Dodo kuwi. Tapi nganti seprene ora ana kasile
apa-apa.
Saka
cendela kamar Laras ndelengke candra kang endah banget. Mbayangke wong kang
ditresnani ana ing sandinge. Laras mung bisa ngenteni keputusan sing ora pasti
saka tambataning atine iku kayata jagakake endhoke si blorok. Nanging rasa
seneng ning atine Laras iku ora suwe. Pas lagi smsan karo mas Dodo, dheweke
ngomong nang Laras, yen mas Dodo kuwi mau balikan maneh karo Mita. Atine Laras sansaya
lara kayata kena lading kang lancip banget. Wong kang dadi pepujaning atine iku
ilang kayata geni ngentekake pirang-pirang omah.
Saka
kejadian kuwi mau, Laras wis bisa nrima yen mas Dodo dudu jodhone mbesuk. “Aku
melu seneng yen dheweke bisa balikan maneh karo Mita kang wis dadi pepujaning
ati mas Dodo. Muga-muga Mita lan mas Dodo bisa langgeng nganti mbesuk. Aku mung
bisa donga supaya mbesuk nemokake tambatan atiku sing luwih becik saka mas Dodo.
Aku kudu tenanan dhisek anggone golek ngilmu supaya bisa dadi wong kang sukses
lan bisa nyenengake wong tuwaku”. Ngomonge Laras karo ngusap eluh kang netes
ing pipine iku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar