Senin, 16 Desember 2013

opini pendek (pengalaman)



APES
Dina Jumat dina kang paling apes kanggo ku lan mbak kos ku, sebut wae jenenge mbak Agnes. Dina iku aku dijaluki tulung kon ngeterake mbak Agnes tuku kain batik. Toko batik iku mapan ana ing daerah jokteng Plengkung Gading. Toko batik iku jenenge “Aska”.
Jam 2 awan aku menyang ing toko iku numpak motore mbak Agnes. Pitung iku motore, motor unik kang wis ana ing taon 70’an. Sadurunge  menyang motor pancen wis rada sulaya, ndadak nyelah dhisik. Pas iku aku sing nang ngarep, nganti ping rakaping anggonku nyelah ora kena ananging ora let suwe terus kena. Banjur tak panasi dhisik motore terus menyang toko batik “Aska” iku.
Aku lan mbak Agnes menyang lewat dalan arep nang Malioboro, pertelon cedhak jembatan terus menggok ngiwa. Meh arep tekan jalan Paris, motore mogok, amarga gas motor pitung iku ora kena yen cilik dadi kudu gedhe anggone ngegas. Pas wektu aku aku le ngegas cilik, amarga motor ing ngarep ku kang mandheg dadak terus aku kaget taklongi gase karo setengah ngerem. Ya pas iku motor mandheg ing tengah-tengah dalan, aku isin banget marga ing kono rame tur akeh kendaraan kang padha ngebel kareben aku minggir. Aku diewangi mbak Agnes nyurung motor iku nang pinggir dalan. Ping bola-bali anggonku nyelah ngampi gobyos ora kena-kena, terus diselahne marang mbak Agnes. Akhire gas motore gelem muni sabanjure diselah mbak Agnes.
Sawise kuwi aku lan mbak Agnes langsung nerusake menyang toko kain batik iku. Tekan kana mbak Agnes lagi milih-milih kain batik. Aku ya mung ndelok-ndelok maneka warna lan motif batik ing kana. Regane relatif murah, aku takon-takon wingi kae regane awit saka 35 ewu tekan 80 ewu gumantung bahan lan motife. Sawise mbak Agnes milih-milih kain, terus ketemu kaine banjur dituku 2 jinis.
Rampung bayar aku lan mbak Agnes arep muleh. Ing kono motore sulaya meneh, tak selah-selah ora kena tapi aku tetep ora nyerah, tak jajal-jajal akhire kena. Aku muleh lewat lampu bangjo cedhak Taman Pintar kae ngiwa. Motore isih rada lumayan isa mlaku, ujug-ujug tekan ngarep toko Progo motore mogok meneh nang tengah-tangah dalan. Tak selah-selah nganti gobyos ora kena, banjur diselah mbak Agnes uga ra kena. Dibukak marang mbak Agnes mesine, jare apane ngono ora murup genine dadi kudu tuku menyang bengkel. Ning nang kono aku ora ngerti bengkel sing cedhak ing ngendi. Amarga dalane rame aku lan mbak Agnes mlaku nyurung motor iku. Karo mlaku nyurung pitung iku mau, ana wong lanang loro ngawe-ngawe kon ngawa motore rana. Awale aku lan mbak Agnes wedi, tapi tiwas ora kena tur ora isa bali tak coba digawa minggir ing tengah dalan gone mas kuwi mau mandheg. Ing kana dideleng karo mase, jarene geni apa ngono ora murup, kuwi sing marakake piting ira kena diselah. Banjur mase kuwi ngomong kareben isa murup kudu ganti apine ngono kanthi rega 140 ewu. Aku lan mbak Agnes bingung tur kaget kok larang banget 140 ewu, padahal jare mbak Agnes ora nganti semono biasane. Kadung bingung aku akon mbak Agnes supaya telpon adhine kon mapak ing ngarep toko Progo mau.
Mase tetep ngotak-ngatik pitung kuwi, amarga ngerti yen aku lan mbak Agnes ora gelem. Mase iku terus ngomong yen apine mau bisa murup ananging diganti sing biasa dhisik kareben motore isa mlaku sementara. Regane sing biasa iku jare 40 ewu. Tapi nek dipikir-pikir regane ora nganti semono, soale mbiyen mbak Agnes nate uga dadakke motor iku rusake iya padha ning ora nganti tekan 40 ewu. Aku lan mbak Agnes tetep ora gelem. Akhire motor kuwi disurung bareng goleki bengkel sing kira-kira ana tur cedhak karo mogoke mau.
Wis meh 100 meter anggonku mlaku nanging durung ketemu bengkele. Krasa kesel sikilku anggone nyurung motor mau, aku lan mbak Anges banjur leren dhisik ing pinggir dalan, karo tak coba nyelah-nyelah meneh tapi tetep wae ora bisa. Sujune ana bapak-bapak kang lagi liwat, ing kono mbak Agnes takon bengkel sing cedhak. Sawise didudohi panggonanne, motor iku banjur disurung menyang bengkel  kang wis didudohi bapake mau. Bengkel iku mapan ing sak tengene lampu bangjo jalan Gajah Mada. Tekan kana didandani karo mase bengkel.
Sawise 20 menit ngenteni, motore wis kena diselah. Ing bengkel mau mung kon bayar 15 ewu. Murah banget, untunge mau ora sido kon benake mas-mas sing ora genah. Aku karo mbak Agnes seneng banget, alhamdulillah wis kena motore lan ora sida kapusan duit 140 ewu.
Rampung bayar, aku langsung muleh kanthi ati lega. Lha tekan sagan kono kok motore mogok meneh. Tak pinggirke motore terus tak selah ora kena, amarga aku wis kesel banjur diselahke marang mbak Agnes. Akhire kena, langsung wong loro muleh menyang kos. Tekan kos rasane awakku lara kabeh, sikil pegel-pegel, weteng ngelih lan liya-liyane. Aduh ... ya kuwi apese sedina nyurung nyelah motor sing gawe ati kepingkel-pingkel.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar